Thursday, September 18, 2014

Nelateni Pakaryan Cilik

aja sira age-age nandangi pakaryan gede
utawa ngarep-ngarep tekane pakaryan gede
amarga pakaryan gede iku arang tekane
kang kerep sira sandung iku pakaryan cilik-cilik
sira aja ngremehaken pakaryan cilik-cilik iku
sebab yen sira durung kulino nandangi pakaryan kang gampang
kepriye angganira bakal nandangi pakaryan kang angel-angel
mulane, samubarang kang tinemu ing tanganira
lakonono temen ing ati suci
atasna awit karsaning gusti
amarga ora ono pakaryan ing dunyo ini
kang ora atas karsaning pangeran
nadyan katone remeh pisan

Sasongko Jati

No comments:

Post a Comment